Selasa, 25 Januari 2011

kidung dhandhanggulo

ana pandhita akarya wangsit ,mindha kombang sangajab ing tawang,susuh angin ngendi nggone ,lawan galihing kangkung,wekasane langit jaladri,isining wuluh wungwang lan gigiring punglu,tapaking kuntul anglayang ,manuk miber uluke ngungkuli langit,kusuma njrah ing tawang.

ngambil banyu apikulan warih ,amek geni sami adadamar,kodhok ngemuli elenge ,miwah kang banyu den khum.kang dahaan murub kabesmi .bumi pinetak ingkang pawana. katiyub,tanggal pisan kapurnaman yen anenun sonteg pisan anigesi kuda ngrap ing pandengan

….ana kayu apurwa sawiji ,wit buwana epang keblat papat,agedhong mega tumembe,apradapa kukuwung,.kembang lintang sagaar langit ,sami andaru kilat ,woh surya lan tengsu,asirat bun lawan udan,apupuncak akasa bungkah pertiwi,oyode bayu bajra

wiwitane duk anemu candhi ,gogodhongan miwah wawarangkan, sihing hyang kabesmi kabeh ,tan ana janma kang wruh yen weruho purwane dadi,candhi sagara wetan ,ingobar karuhun ,kahyangane sanghyang tunggal ,sapa reke kang jumeneng mung hartati,katong tengahing tawang

gunung agung sagara sarandil,langit ingkang amengku bawana ,kawruhana ing artine ,gunung sagara umung ,guntur sirna amengku bumi ,rug kang langit bawana,dadya weruh iku,mudya madyaning ngawiyat,mangasrama ing gunung agung sabumi,candhi candhi sagara

gunung luhure kabiri giri,sagara agung datanpa sama ,pan sampun kawruhan reke,artadaya puniku datan kena cinakreng budi,aging sampung prapta ing kuwasanipun angadeg tengahing jagad,wetan kulon lor kidul ngadhap myang nginggil,kapurba wisesa

bumi sagara gunung myang kali sagunging kang isining bawana ,kasor ing artadayane ,sagara sat kang gunung,guntur sirna guwa samya nir,singa wruh artadaya ,dadya teguh timbul,lan dadi paliyasing prang,yen lulungan kang kapapag wedi asih,sato galak suminggah

jim peri prayangan samya wedi mendhak asih sakehing drubiksa ,rumeksa siyang dalune.singa anempuh lumpuh,tan tumama ing awak mami,kang nedya tan raharja ,kabeh pan linebur,sakehe kang nedya ala,sirna kang nedya ebcik basuki,kang sinedya waluya

siyang ndalu rineksa hyang widi,dinulur saking karseng hyang sukma,kandhep ing jalma kabeh,apan wikuning wiku wikan ,liring pujasamadi dadi sasedyanira mangunah linuhung paparah hyang tegalana ,sampen yen tuwajuh jroning ati,kalis ing pancabaya

yen kinarya atunggu wong sakit ,ejim setan datan wani ngambah rineksa malaekate,nabi wali angepung ,sakeh lara samya sumingkir ,ingkang nedya mitenah ,maring awak ingsun ,rinusak dening pangeran ,eblis laknat sato mara padha mati,tumpes tapis sadaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar